Esuk iki Rani wis siap mangkat sekolah. Kira-kira jam setengah pitu. Rani njaluksangu ibune kanggo jajan neng sekolahan. Nanging ibune mung ngekei bakpao.
"Bakpao iki sikek, Rani. Ibu saiki durung suwe dhuwit kanggo sangu"
Rani mung meneng wae, lambene njaprut. Disaut bintelan putih plastik iki saka tangan ibune kanthi ati kang sajak gela lan kuciwo. Ibune ngelus dada, atine loro, matane kaca-kaca. Arep nangis nanging diampet.
Bali sekolah neng dalan Rani weruh bocah. Ya, kira2 umure pada karo Rani. Bocah mau lungguh ana ing emperan toko kang tokone ora buka. Ujug ujug ana banyu tumetes saka dhuwur saya suwe saya akeh. Lan Rani banjur ngeyup ana ing emperan tolo sing dinggo lungguh bocah mau, bocah mmau mesem, weruh Rani nyedakki dheweke. Rani banjur bales esseme bocah mau,
" Heii, Aku melu ngeyup neng kene yo"
"Mangga"
"Oleh kenalan"
"Rani"
Rani meneng rada suwe. Bocah mau takon "Mbak e asmane sinten?"
"oh.. aku , padha jengen karo koe. Rani"
"Wah jenenge podo J "
Cah loro mau padha cerito2 lan geguyon lan ora sengojo sikile Rani nyenggol sikil bocah iku
"Aduh.."
Rani kaget , "ngopo?"
Didelokake sikile bocah mau. Ya ampun ana luka neng sikile bocah mau.
"Ora popo kok"
"Rani, keneng apa sikilemu?"
"Ora popo mung Luka sithik"
"iyo.. amarga apa?"
" mung ditabrak pit motor"
"ya ampun terus sing nabrak saiki nangdi?"
Bocah iku mesem pait.
"kaboor "
Udan wis rada terang
"Aku bali sikek yo" kandane bocah mau
"Tak terke yaa,, tag tuntun, sikilmu kan isih lara"
Bocah mau mung manthuk.
"Omahmu sebelah ngendi?" pitakone Rani
"Kae, sebelah tengen dalan"
Tekan ngarep omah, Rani banjur takon " ibumu nangdi?"
Bocah mau meneng suwe lan matane nyawang ing dhuwur. Banjur umbar ambegan.
"Aku ra ngerti sopo ibuku"
"trus kowe manggon neng ngomah iki karo sopo?"
"Simbah"
Bocah iku ndelokke buntelan plastik putih kang ketmau dicangking Rani.
"Apa sing tog gowo?"
"Kowe gelem?"
"Apa?"
"bakpao , sanguku sekolah mau nanging ora tak maem"
Rani banjur ngekkeke buntelan mau. Bocah mau maem bakpao iku.
"kowe durung maem"
Bocah mau manthuk
"bakpao iki enak banget, iki bakpao paling enak kang sak suwene iki tak maem"
"kowe seneng" pitakone Rani
Bocah mau manthuk meneh
"Spa kang gawe bakpao iki?" pitakone bocah mau
"ibuki…"
"ibumu? Ehmm.. ibumu tresno banget marang kowe. Aku urung pernah maem bakpao paling enak koyo iki. Ibumu tresno banget ya marang koe"
Rani mung meneng wae. Dheweke kelingan kadadiyan esuk mau. Sawentara cah loro meneng wae.
"Aku bali sikek yo" kandane Rani
"Yaw. Maturnuwun. Ati2 neng dalan yo"
Esuk esuk temen Rani wis tangi lan nyiapke bekal bekal dinggo sekolah. Ibune kang ana pawon nyedakki lan diambung tanganne
"bu, Rani mangkat sekolah nggih"
"iki dhuwitte kanggo sangu Rani. Kanggo jajan neng kantin sekolah. Saiki ibu lagi duwe duit 2000 "
Rani mesem, duitte dibalekke neng tanganne ibune. Rani njupuk bakpao gaweane ibune kang ana meja.
"Dhuwitte kanggo ibu wae. Rani sangu bakpao kok"
Ibune mung meneng wae. Bingung ndelokke perubahan anakke.
"aku tresnoo marang ibu, tresno banget, maturnuwun nggeh bu. Assalamualaikum"
"walaikumussalam"
Tes.. banyu bening tumetes ing pipi ibune. Rasa terharu lan seneng.
"gusti, paringono anakku kapinteran anggone sinau"
Bali sekolah, rani mampir ing ngomahe bocah kang jenenge paha, Rani.
Neng tanganne nyangking bungkusan plastik putih. Rani ngetuk2 lawang nanging isih sepi. Diketuk2 menenh ing njero ana kang watuk watuk lan nyedakii lawang.
Lawang kebukak. Nanging, udu rani bocah kang wingi kuwi maem bakpao gaweane ibu. Nanging simbah. Simbah kang kira kira umurre 85 taun . rambutte wis putih kabeh. Awakke mung kari balung.
"nuwun sewu mbah.. Rani onten?"
Simbah meneng nyawang Rani. Banjur ngomong "Rani, putuku?
"inggih mbah"
"Rani wis mati seminggu kepungkur. Ditabrak pit motor kang ora due ras aperikemanusiaan. Wong kang ngendarai motor iku mlayu seko tanggungjawab."
Rani bingung.. Rani banjur pamit muleh ing ngomahe. Pikirane mung tumuju ing Rani bocah kang wingi kuwi wis nyadarke dhweke.
Ananging ana apa?
Simbah mau ngoming yen Rani sedo seminggu wingi??
aku mereinding belakangnya,, g nyangka,, aku g mau ketemu igis yang lain *emeng ada? hahhahh
BalasHapushha.. aneh mesti critane.. wkwkkw
BalasHapushlah ini cerita horor.. hhi . .
aku suka pas bilag njaprut,,, ahhahh :D
BalasHapushahah.. asemig.. oragg ngerti bahasa seg luwih apigg soale.. wkwkkw
BalasHapushahahhahah,,, tapi apik og,,, sok tak muni njaprut
BalasHapuswkwkkw... dasar,, yo muniLah . aku seneng muni manyun , heheh
BalasHapus